Sukses


Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 5 Orang

Bola.com, Jakarta - Seni drama telah menjadi satu di antara bentuk ekspresi budaya yang menghibur dan memberikan wawasan tentang kehidupan manusia.

Saat kita berbicara tentang drama dalam bahasa Jawa, kita membuka pintu kepada warisan sastra kaya dan indah yang telah tumbuh selama berabad-abad.

Dalam memerankan drama diperlukan naskah. Para pemain atau aktor harus membawakan cerita atau memerankannya sesuai naskah. Jadi, dalam memerankan drama tidak asal-asalan.

Naskah drama dalam bahasa Jawa menghadirkan atmosfer budaya yang mendalam, menggabungkan kearifan lokal dengan ekspresi seni yang mendalam.

Jika kamu belum bisa menulisnya sendiri, tidak ada salahnya mencari referensi contoh drama bahasa Jawa lima orang. Kamu juga bisa melakukan interpretasi yang luas saat melakukan bedah naskah.

Berikut contoh naskah drama Bahasa Jawa lima orang, seperti disadur dari Kapanlagi, Rabu (27/9/2023).

Yuk gabung channel whatsapp Bola.com untuk mendapatkan berita-berita terbaru tentang Timnas Indonesia, BRI Liga 1, Liga Champions, Liga Inggris, Liga Italia, Liga Spanyol, bola voli, MotoGP, hingga bulutangkis. Klik di sini (JOIN)

2 dari 4 halaman

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 5 Orang

Drama Bahasa Jawa 5 Orang "Guru Les Kanggo Shakinah"

Diceritakan bahwa Shakinah merupakan anak tunggal di keluarganya dan sedang mengalami kesulitan dalam pelajaran. Oleh karena itu, dia membutuhkan guru les yang bisa mengajarinya.

Pak Farhad: "Shakinah, sore iki awakmu iso sinau bareng Mbak Nadia kanggo nyiapke ujian sekolah."

Shakinah: "Mbak Nadia sinten nggih Pak?"

Pak Farhad: "Iku anake koncone Bapak sik ngajar les. Mbak Nadia iki pinter nggarap soal matematika iso ngancani lan ngewangi sinau."

Shakinah: "Nggih, Pak. Kulo, purun sinau bareng Mbak Nadia."

(neng ruang tamu omah, Shakinah kenalan karo mbak Nadia)

Nadia: "Shakinah kelas pinten?"

Shakinah: "Kelas 3 SMP, Mbak."

Nadia: "Gelem mulai sinau sore iki opo sesok sore?"

Shakinah: "Langsung mawon mboten nopo-nopo, Mbak."

(Lingguh jejer wong 4, Bu Zakiyyah lan Pak Farhad ndelok Shakinah bungah sinau bareng Mbak Nadia. Terus, bu Zakiyyah nawarke Shakinah ngawekke maeman)

Bu Zakiyyah: "Ya wis Pak, iki ditinggal wong 2 ben sinau bareng. Engko Ibu tak nggaweke cemilan. Pengen ngunjuk nopo Mbak Nadia?"

Nadia: "Saestu Bu, nopo mawon purun."

Bu Zakiyyah: "Jus jeruk wae ya."

Nadia: "Nggih Bu, matur nuwun sanget."

(Shakinah jupuk buku neng kamar dinggo sinau bareng Nadia. Suara lawang didodog)

Salma: "Shakinah.... Shakinah...."

Shakinah: (Nggowo buku karo mbukak lawang) "Aduh Salma, aku arep sinau. Gak iso dolan disek."

Salma: "Lho sinau apa, Shakinah?"

Shakinah: "Matematika, apa awakmu melu sinau sisan karo guru les?"

Salma: "Apa aku oleh melu? Bakal sinau apa, aku gak tau les."

Nadia: 'Sinau matematika sik yo, jare awakmu rodo angel nggarap soal itung-itungan. Kancane arep melu sisan? Ayo rene cah 2."

Shakinah: "Nggih Mbak."

Nadia: "Mulai seko median sik yo, jajal tak kei 1 soal tok garap engko nek ora mudeng langsung takon wae."

Shakinah: "Sik iki Mbak, la kok angel soale. Mbok sik gampang wae Mbak."

Nadia: "Iki paling gampang kok, jajal sik jajal."

(Shakinah akhire nggarap soal kui, nanging bola-bali ekspresine ketok mumet. Salma ya pada wae)

Shakinah: "Mbak, aku ramudeng tenan garap iki."

Salma: "Aku wis nggarap, tapi gak ketemu jawaban, Mbak." (Ngguyu)

Nadia: "Ya wis tak jelaske sik yo, dadi iki tok urutke sik nomor angkane sik seko cilik neng gede. Njuk sik podo tok jejerke. Nek uwis lagi tok masuke rumus."

Shakinah: Ngene iki udu, Mbak?"

Nadia: "Nah, iyo bener. Geneo wis iso, iki coba lanjutke meneh garap soal lain."

Shakinah: "Mbak, piye nek leren sik."

Nadia: "Lagi 1 soal loh iki mosok andang leren."

Shakinah: "Aku rodo kesel e, Mbak."

Nadia: "Ya wis leren sik yo, 10 menit terus lanjut meneh."

(Mlaku neng ruang tengah, Nadia ngobrol karo bapak ibu Shakinah)

Nadia: "Pak, wau niku nek kulo amati Shakinah sakjane bocah pinter. Nanging, kadang sok ora sabaran mecahke soal matematika, dadi hasile niku kurang maksimal."

Pak Farhad: "Owalah, ngunu to. Yo, tok kancani terus yo sik sinau."

Bu Zakiyyah: "Iyo, Nduk, ben Shakinah iso oleh biji duwur ujiane. Njaluk tulung yo."

Nadia: "Nggih Pak Bu, kulo rencangi Shakinah sinau. Niku kalih kancane dadi mundak semangat."

Shakinah: "Yok, Mbak mulai sinau meneh."

Shakinah karo Salma dadi sregep sinau bareng dikancani mbak Nadia. Alhasil biji ujiane akhire iso meningkat dibandingke sebelume.

3 dari 4 halaman

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 5 Orang

Drama Bahasa Jawa 5 Orang "Sinau Bareng Kanca"

Ing sawijining dina, ana pemuda sing wis podo dadi kanca akrab wiwit cilik, yaiku Toni lan Habib. Lorone podo seneng sinau lan dadi juara kelas mewakili sekolah lomba ing nyandi-nyandi.

Untunge pintere bocah loro iku ora marai dheweke sombong, dadi podo disenengi karo kanca sekolahe. Akeh kancane sing jaluk warah materi ning kelas sakdurunge ulangan ben ora melu remedi kabeh.

Dina: "Aku kok ora mudheng blas ya karo materi matematika sing himpunan iki. Kowe paham materine, Din?"

Dini: "Podo e aku yo ra paham."

Joni: "Lha awak dewe tibake podo wae. Aku kat wingi wis maca lan sinau, tapi isih bingung karo konsep sing dimaksud." (Joni sik melu nimbrung).

Dina: "Terus penake piye ya, Jon? Masa awak dewe kudu melu bimbel ben isa mudeng karo materi iki?"

Joni: "Bimbel saiki larang pol, Din. Ora duwe duit aku lek saiki kudu melu bimbel."

Habib: "Ana apa iki? Arep ulangan opo piye kok koyoe lagi seru obrolane?"

Dini: "Iki lho, Bib. Pada bingung matematika. Sampek saiki ora isa mudheng karo iki."

Toni: "Terus hubungane karo bimbel mau apa? Do arep melu bimbel?"

Joni: "Larang banget, Ton. Ora isa lek arep bimbel saiki."

Toni: "Yawes ngene wae, aku karo Habib sering sinau bareng mben Senin. Lek do arep melu, ayo."

Habib: "Mengko sinau bareng ben podo iso mudheng kabeh."

Dina: "Tenane iki? Ora ganggu kowe mengko?"

Toni: "Ya ora. Ngko diomongne maneh ya. Ayo saiki mlebu kelas dhisik!"

4 dari 4 halaman

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 5 Orang

Drama Bahasa Jawa 5 Orang "Acara Kamardikan"

Kisah ini menampilkan proses diskusi OSIS dalam membuat perayaan peringatan kemerdekaan.

Rapat dilaksanakake ing ruang osis, anggota osis sing melu rapat, yaiku Andi (ketua osis), Alto (wakil ketua osis), Susi (Sekretaris), Rina lan Aldo (Bendahara 1 lan 2). Ketua osis sing jenenge Andi teko banjur lungguh ing kursi ne.

Andi: "Ayo kanca-kanca dimulai diskusine!"

Susi: "Kosik kosik, Alto durung teko."

Rina: "Oh iya Alto nyandi ya?"

Aldo: "Paling isih nek toilet bocahe, mergane aku meng weruh de’e mlaku tumuju toilet." (kandane Aldo sinambi kipas kipas amarga sumuk)

Andi: "Ya wis, dienteni disik."

Ora suwe Alto teko banjur lungguh sandinge Andi.

Andi: "Awakmu bar kongendi lho, To?" (Andi takon marang Alto)

Alto: "Toilet, he..he" (kandane Alto karo cengengesan)

Andi: "Yo wis di mulai diskusine! Cah, dilut engkas kan tanggal 17 Agustus 2022 sing artine Indonesia bakal ulang tahun kamardikan, lha awake dewe oleh tugas saka pak kepala sekolah supaya ngrancang acara opo wae kanggo meriahne dina Kamardikan, menawa ana sing duwe ide ayo dirembugne ing kene."

Aldo: "Aku duwe usul, Ndi, awake dewe ngeneake acara fashion show sing temane klambi batik, piye menurut mu, ndi?" (Usul e Aldo kanthi nyawang Andi)

Andi: "Hmm... apa alasan mu usul ngono kui, do?" (Pitakone Andi marang Aldo)

Aldo: "Amarga batik iku wis dadi ciri khase bangsa Indonesia lan dadi budaya bangsa sing wis terkenal teko luar negeri, dadi cocok kanggo tema dina kamardikan lan bisa kanggo ngenalake batik marang generasi muda."

Rina: "Pinter tenan bocah siji iki, cocok Do usulmu, setuju aku, piye pendapat kanca liyane?" (kandane Rina karo ngacungi jempol marang Aldo).

Andi: "Ok aku yo setuju, wis ditentoke salah sijine acara, yaiku fashion show tema batik."

Susi: "Terus liyane fashion show acara liyane opo wae iki?"

Rina: "Drama tema pahlawan piye?"

Andi: "Iku yo kenek, mengko karek dikoordinasi karo perwakilan kelas supaya iso melu partisipasi kabeh, terus acarane ditambahi karo lomba sing edukatif supaya meriah."

Kanca kancane kabeh pada setuju lan wis ditentokake acara apa wae sing cocok kanggo mengeti dina Kamardikan antarane, yaiku fashion show tema batik, drama tentang tema pahlawan, lomba lomba edukasi lan liya liyane.

 

Disadur dari: Kapanlagi.com (Published: 17/4/2021)

Yuk, baca artikel contoh lainnya dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer