Sukses


5 Contoh Sesorah Bahasa Jawa yang Bisa Dipelajari

Bola.com, Jakarta - Sesorah, dalam bahasa Jawa, adalah satu di antara bentuk sastra lisan yang masih bertahan hingga saat ini.

Sesorah dapat diartikan sebagai pidato atau ungkapan lisan yang biasanya disampaikan dalam upacara adat, pernikahan, atau acara keagamaan.

Sesorah memiliki ciri khas, yakni menggunakan bahasa yang sopan dan mengandung nasihat atau pesan moral.

Biasanya, sesorah juga disampaikan dengan intonasi yang khas dan menggunakan pilihan kata yang indah.

Secara keseluruhan, sesorah memiliki fungsi untuk memberikan pesan kepada pendengarnya, menyampaikan informasi, atau mengungkapkan pikiran dan perasaan.

Ada berbagai tema yang bisa diangkat dalam sesorah bahasa Jawa. Jika kamu ingin membuat sesorah bahasa Jawa, tetapi memiliki kendala, bisa menyimak beberapa contohnya di bawah ini.

Berikut lima contoh sesorah bahasa Jawa yang bisa dipelajari, Kamis (25/4/2024).

Yuk gabung channel whatsapp Bola.com untuk mendapatkan berita-berita terbaru tentang Timnas Indonesia, BRI Liga 1, Liga Champions, Liga Inggris, Liga Italia, Liga Spanyol, bola voli, MotoGP, hingga bulutangkis. Klik di sini (JOIN)

2 dari 6 halaman

Wajib Belajar 12 Tahun

Mugi rahayu ingkang pinanggih, Bapak Ibu ingkang kula kurmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Kawontenan jaman sangsaya majeng. Wonten ing jaman ingkang sarwi majeng meniko, kita kedah tanggap. Kita boten cekap namung ningali, nanging kedah saged dados paraga Ingkang nemtakaken kamajengan.

Temtu kemawon, dados paraga ingkang nemtokaken kemajengan mboten gampil. Kita kedah tanggap, wasis, trampil, lan, mumpuni. Kawasisan lan kaprigelan saged kita udi kanthi sekolah utawi lumantar ngudi ngelmu. Inggih ing babagan pangudining ngelmu menika wigatosipun sekolah. Awit sekolah mujudaken papan kangge pados ngeimu tuwin keprigelan.

Gegayutan kaliyan kowontenan menika, wontenipun program wajib belajar utawi wajar 12 taun sampun trep sanget. Wajar 12 taun menika program pamarentah ing babagan pendidikan. Angkahipun supados lare-lare saged sekolah paling boten saged namataken pendidikan dumugi Sekolah Menengah Atas (SMA). Kita sedaya kedah nyengkuyung kanthi saestu amrih program menika saged kasil kanthi maremaken.

Makaten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi kita sedaya saged langkung sregep anggenipun sinou. Sedaya kalepatan saha kekirangan, kula nyuwun pangapunten.

Nuwun.

3 dari 6 halaman

Menjaga Bumi

Dhumateng Ibu Kepala, Bapak, Ibu guru, lan kanca sedaya ingkang kulo tresnani. Puji syukur kita haturaken dhumateng Gusti Allah Swt. kanggo berkah lan rahmatipun ing dinten iki.

Para rawuh ingkang kulo tresnani, ingkang kedah dipun-puntenipun kita saged njagi karesikan lingkungan. Lingkungan menika panggenan kangge urip kita, lan pramila saged njagi sae supados bumi kita ngasilaken kasaenan.

Kita, ingkang mligi pemimpin OSIS SMP 3 Jekulo, badhe ngandharaken bab inggih menika karesikan lingkungan. Sadaya kedah ngerti, karesikan lingkungan saged dipunwiwiti saking ngresiki sekolah kita. Njagi karesikan lingkungan saged njagi kasarasan lan ningkataken keimanan kita.

Para rawuh ingkang kulo tresnani, mugi-mugi kita sageda dados manungsa ingkang saged njagi karesikan saben dinten. Amargi karesikan lingkungan menika saged njagi kasarasan lan ningkataken keimanan sedaya kita.

Cekap sementenipun, menawi wonten klenta-klentunipun, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatu.

4 dari 6 halaman

Narkoba

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Puji saha syukur kita panjataken dumateng allah subhanahu wa ta'ala ingkang sampun daya rahmat lan hidayah ipin kagem kita sedaya, sahinggo kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat. 

Kenapa sarto salam mugi katetepna dumateng nabi muhammad sholallahu alaihi wassalam, lan sedaya matipun dumugi akhir zaman samangki amin. Bapak ibu serta kaca-kanca ingkang kinurmatan. 

Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba serta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau.

Sawipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit. 

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo pisan-pisan nggunakake narkoba lan obat-obatan terlarang meningkat. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane. 

Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

5 dari 6 halaman

Budi Pekerti

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Pinawengi,

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Pinawengi,

Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Pinawengi,

Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dhumateng Allah Swt. saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.

Selawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita Nabi Agung Muhammad saw.

Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya Jawi wiwit ngalaksanakaken unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.

Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinaken. Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.

Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

6 dari 6 halaman

Wisuda Kelas XII

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu dwija ingkang satuhu kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X saha XI saha kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.

Puji syukur tansah wonten ngarsanipun dhumateng Allah Swt. ingkang sampun paring kanugrahan, pramila menika panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika, kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca kelas XII badhe nilaraken pawiyatan ing MAN 2 menika. Awit saking menika mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan, ingkang sengaja punapa boten kasengaja. Kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.

Kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang badhe nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngelmi saha kesagedanipun piyambak-piyambak.

Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas XII sedaya, mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

 

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer