Sukses


5 Contoh Cerita Pengalaman Bahasa Jawa Berbagai Tema Menarik

Bola.com, Jakarta - Cerita pengalaman merupakan satu di antara materi yang dipelajari dalam aktivitas belajar-mengajar. dan terkadang siswa diberi tugas membuatnya.

Selain menambah wawasan para peserta didik, terkadang mereka diberi tugas membuat cerita pengalaman.

Dalam membuat cerita pengalaman, bisa diambil dari berbagai tema. Namun, membuat cerita pengalaman harus sesuai kenyataan yang telah dialami.

Hal ini berarti tulisan tidak berbentuk fiktif atau tidak mengada-ada, dengan menggunakan sudut pandang yang jelas dan sesuai fakta, orang pertama (aku dan saya).

Di sisi lain, cerita pengalaman bukan hanya bisa disampaikan dalam bahasa Indonesia saja, tetapi juga bahasa daerah, termasuk bahasa Jawa.

Sedang mencari inspirasi untuk membuat cerita pengalaman dalam bahasa Jawa? Kamu bisa menyimak artikel di bawah ini hingga selesai, yang bisa dijadikan referensi membuatnya.

Berikut lima contoh cerita pengalaman bahasa Jawa, Senin (3/6/2024).

Yuk gabung channel whatsapp Bola.com untuk mendapatkan berita-berita terbaru tentang Timnas Indonesia, BRI Liga 1, Liga Champions, Liga Inggris, Liga Italia, Liga Spanyol, bola voli, MotoGP, hingga bulutangkis. Klik di sini (JOIN)

2 dari 6 halaman

Dolan Ing Wayah Prei Sekolah

Nalika prei sekolah wingi, aku mung nonton TV neng omahku. Suwe-suwe aku krasa bosen. Untung esuk-esuk banget bulikku rawuh ing omahku ing salatiga.

Bulik rawuh sekalian bareng keluargane. Buli lan keluarga nginep ing omahku sedina sewengi.

Aku diajak dolan menyang Pelabuhan Semarang. Aku mangkat kira-kira jam telu sore. Bareng-bareng aku dolanan ing pelabuhan rencanane nganti jam lima sore.

Nalika mlaku-mlaku nonton kahanan lan eloke pemandangan laut, aku kesasar lan muter-muter.

Aku bingung nggoleki sedulur-sedulur kabeh. Amarga kedadean kuwi, aku lan keluarga lagi tekan omah jam enem punjul, kira-kira jam 18.45 nalika langit wes malih dadi peteng.

Tekan omah, aku lan sedulur-sedulurku langsung mangan bengi amarga weteng iku wes krasa ngelih banget.

3 dari 6 halaman

Nisa Mitra Sejatipun Kula

Sahabatipun kula, Nisa, inggih punika sosok ingkang tansah wonten ing saben lampahan gesang kula. Pepanggihan pertami kita kedados ing bangku sekolah dhasar, lan wiwit wanci wekdal puniku, kita dados mboten terpisahkan. Kita berdua nggadhahi minat lan hobi ingkang sarupi, mila kita asring nelasaken wekdal sareng, nggih ing sekolah utawi ing jawi tabuh wucalan. Nisa sanes namung kanca, nanging ugi mitra ingkang tansah mirengaken saben ceritanipun kula, nggih remen utawi duka.

Sareng nisa, kula rumaos nggadhahi pendukung sejatos. Kala kula ngajengi kesisahan utawi kekecewaan, Nisa tansah wonten ing sampingipun kula kangge nyukani sengkuyungan moral lan sengkuyung. Kita berdua sampun nglangkungi pinten-pinten lika-liku gesang sareng-sareng, saking gujeng kegirangan ngantos eluh kesedihan. Mitra sejatos kados Nisa ndamel perjalanan gesang puniki kraos langkung gadhah artos lan kebak warni.

Sapunika, sanadyan kita sampun pisahan amargi tuntutan gesang piyambak-piyambak, tangsulan memitran kita tetep kiyat. Kita terus njagi sesambetan nglangkungi pesen, telpon, lan pepanggihan sapisan-pisan. Mitra sejatos kados nisa inggih punika banda ingkang mboten ternilai, lan kula bersyukur nggadhahi salah setunggaling tiyang ingkang tansah dados kanca setya, penyemangat, lan perangan mboten terpisahkan saking gesang kula.

4 dari 6 halaman

Crita Pitikku

Kedadeyan iki dakalami udakara 3 taun kepungkur. Wektu kuwi aku wiwit coba-coba ngingu pitik bangkok.

Kawitane pitikku lemu-lemu lan sehat-sehat. Ning dumadakan ana aratan ing desaku. Akeh pitik sing mati sacara dadakan.

Senajan wis diobati, nanging akeh sing ora ketulungan. Ing wektu kuwi, pitikku sing mati ana welasan. Rata-rata pitik sing mati kuwi umure 3-4 sasinan. Mesthi wae aku getun banget.

Apa maneh salah siji calon jago duwekku ya ketut gering. Kamangka sing gering kuwi rencanane bakal dakgawe pejantan.

Wis maneka cara daktindakake supaya pitik mau pulih. Saliyane tak tukokne obat kimia. Pitik mau uga dakjamoni. Nanging tetep wae durung waras.

Saking bingungku mbudiaya amrih pitikku waras. Pitikku dakomongi, "Tik…pitik. warasa, ya! Kowe yen waras ora bakal dakdol".

Anehe, sawise dakomongi kaya ngono. Sawetara dina candhake pitikku waras. Lan nalika wis dadi jago tenanan. Pitik mau ana sing nawa sayuta regane.

Senajan wektu kuwi butuh banget dhuwit. Nanging merga wis janji, wusanane pitik tetep ora dakdol. Wediku yen dakdol, aku bakal nemu pepalang kang gedhe.

5 dari 6 halaman

Rejeki Sing ora Dikarepke

Ing wayah bengi udan, swasana ing omah saya adhem. Nalika nedha bengi, ora ana siji ing kulawarga sing nggawe swara. Ora ana sing nesu utawa kuciwa, mung bapak lan ibu sing bingung arep mbayar biaya study tour sing kudu tak bayar sesuk.

Sejatine aku wis mutusake ora melu study tour, amarga aku ora pengin nambah bebane wong tuwaku. Nanging, sakdurunge aku omong ngomong yen aku ora gelem melu study tour, bapakku tegas pengen aku melu study tour.

Sawise nedha bengi aku langsung menyang kamar kanggo sinau. Sayange aku ora bisa konsentrasi sinau, luwih-luwih yen krungu tangisane ibu ing kamar sebelah. Aku ngerti banget kok ibukku nangis, nanging bapakku tetep ngeyel yen aku terus melu kegiatan sekolah. Bapak pancen priya sing ora nate nglilani putrane sedhih lan isin. Wektu kuwi sebenere wengi durung telat, isih sekitar jam 8 bengi, dumadakan sepi ing omah keprungu ketukan lawang. Pranyata tamu sing teka yaiku Pak RT sing nggawa amplop kandel.

Bapak sing mbukak lawang ngajak Pak RT mlebu lan sakwise omong-omongan, pak RT masrahake amplop marang bapak. Bapak mesthi gumun kok Pak RT ujug-ujug ngulungake amplop, Pak RT njlentrehake yen dhuwit ing amplop kuwi kanggo pembayaran lemah sing sawetara sasi kepungkur wis digunakake kanggo tambahan dalan desa.

Dhuwit kanggo pambayaran lemah iku sejatine ora nate diduga bapakku amarga bapakku wis nyerahake lemah kanggo dalan umum. Untunge kawicaksanan desa ora kaya sing dikira bapakku, amarga desa mutusake tuku lemah sing wis ditinggal bapakku kanggo dalan desa. Sawise Pak RT mulih, ibu mlebu kamar lan langsung ngrangkul aku, banjur ibu menehi dhuwit kanggo mbayar biaya study tour. Bengi iku aku matur nuwun banget kanggo hadiah sing ora dikarepake.

6 dari 6 halaman

Rekreasi ing Matahari

Nalika aku isih TK. Aku santai ing Matahari. Aku mrana dikancani mbakyuku.

Aku mangkat numpak bis sekitar telung puluh menit. Aku karo rombonganku.

Tekan kana aku lan adhiku mangan dhisik. Aku nyawang mubeng lan dolanan ing Matahari.

Pengalaman anyar nalika aku munggah ing undhak-undhakan. Aku wedi banget nanging amarga aku dikancani mbakyuku, aku dadi wani.

Nalika aku tekan lantai ndhuwur aku kesandung lan meh tiba, untunge adhiku sing nyekel aku. Aku muter minangka akeh aku bisa. Sawise awan aku ngelak banjur tuku es krim.

Mung sawetara wektu kanggo nikmati es sing tiba. Aku sedih banget. Banjur adhiku tuku es krim maneh.

Nalika mulih aku mabuk lan muntah. Aku uga dirumat karo mbakyuku. Aku keturon nalika aku mulih. Aku seneng bisa mlaku-mlaku lan dolanan ing Matahari.

Jarene "srengengene" panas, jebule "srengengene" ora panas, adem. Aku bakal ngelingi pengalaman paweling iki ing salawas-lawase.

 

Dapatkan artikel bahasa Jawa berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer